Tumuli sira Ranggawuni angadeg ratu, kadi nagha roro saleng. Lawan sira mahisa Campaka, sira Ranggawuni, abhiseka Bhatara Wisnu Wardhana karatun ira. Sira Mahisa Campaka dadi ratu Angabhaya, abhiseka Bhatara Narasingha. Atyanta patut ira tan hana wiwal.
Bhatara Wisnuwardhana angadegaken kutha ring Canggu lor isaka 1193. Mangkat sira amrep ing Mahibit, anghilangaken Sang Lingganing Pati. [31a] Sangkan ing mahibit alah, lan engon wong, haran sira Mahisa Bunghalan, panjeneng ira Sri Ranggawuni ratu. Tahun moktan ira 1194. Dhinarmma sira ring Jajaghu. Sira Mahisa Campaka mokta, dinarmma ring Kumeper. Pamelesatan ira ring Wudhik Kuncir.
Sri Ranggawuni atinggal putra lanang, haran Sri Krettanagara. Sira Mahisa Campaka, atinggal putra lanang haran Raden Wijaya.
Siraji Krettanagara, sira anjeneng Prabhu, abhiseka Bhatara Siva Buddha. Hana ta wong ira, babatangan ira bhuyut ing nagka, haran Banyakwide.Sinungan pasengahan Aryya Wiraraja. Arupa tan Kandhel den ira, dinohaken. Kinon adhipatya ring Sungeneb, angher ing Madhura Wetan.
Hana ta patih ira duk mahwa anjeneng ratu, apuspathaa sira Mpu Raganatha [31b]. Nityasa angaturi rahayuan ing tuwan, tan kadhep den ira Sri Krettanagara. Sangkan ira Mpu Raganata asalah linggih. Ginanten den ira Kebo Nengah Sang Apanji Araghani. Sira Mpu Raghanata gumanti dadi adhyaksa ring Tumapel.
Sapanjeneng Sri Krettanagara, anghilangaken kalana, haran kalana, haran bhaya. Huwus ing kalana mati, angutus ing kawulan ira, angadona maring Malayu, sumangka akdhik kari wong Tumapel, akeh kang katuduh maring Malayu. Sri Panjiya Raghani angateraken mangsul I Tuban. Teka ring Tumapel Sang Apanjiya Raghani angatur I tadahan prati dina. Akasukan Siraji [32a] Krettanagara.
Hana padhawalan ira lawan siraji Jayakathong ratu ring Deha. Pinaka musuh ira siraji Krettanagara. Kemper panghala desan ing satru. Tan benget yan wonten desan ira. Sira Banyakwide atuwuh patang puluh tiga duk Samalayu. Amitra lawan siraji Jayakathong. Asura wehana kenkenan saking Madhura sira Banyakwide apasanggahan Arya Wiraraja. Mangkana siraji Jayakathong ahutusan maring Madhura, sira Wiraraja akirim surat dhataang ing siraji Jayakathong. Unining sawalan: ‘Pukulun patik aji matur ing padhuka aji, anenggeh padhuka ahyun abuburu maring tegal lama, mangke ta paduka aji abuburu aduweg kala desan ipun. Tamboten [32b]wonten bhaya, tamboten wonten macan ipun, tamboten bantheng ipun, lwah ulan ipun, rin ipun. Wonten macan ipun, anghing guguh.’
Sang apatih tuwa sira Mpu Raghanatha, kang ingaranan macan guguh, apan sampun atuha.
Samangka siraji jayakathong mangkat marep ing Tumapel, sanjata kang [32b] saka lor ing Tumapel, wong Deha naghala hala, tunggul kalawan tatabuhan penuh. Rusak desa sa lor ing Tumapel. Akeh atawan kanin kang amaprang aken, kang sanjata Deha kang amargga lor mandheg ing kameling.
Sira Bhatara Siwa Buddha pijer anadhah sajeng. Ingaturan yan pinrep saking deha, apahido sira. Lagi amijilaken andhika: ‘kadi pira siraji [33a] Jayakathong? Mongkono haring isun? Apan sira huwus sapakenak lawan isun.’ Duk ingaturaken kang atawan kanih, samangka sira mintuhu.
Samangka Raden Wijaya tinuduh amaguta sanjata kang saka lor ing Tumapel, ingiring denira Aryya Dhikara sira Banyak Kapuk, Sira Rangga Lawe, Sira Sora, Sira Podhang, Sira Dangdhi, Sira Gajah Pagon, anak ira Wiraraja haran sira nambhi. Sira Peteng, Sira Peteng, Sira Wirot, sanjata abecik becik. Sang anangkis sanjata Deha, abubuhan lor, sama amuk rampak, kapalayu kang yoddha wong Deha kang metu saka lor. Tinut binuru denira Raden Wijaya. Dadi tumedhun sanjata agung sakeng Deha. Kang saking pinggir aksa anujwing lawor, tan wineh umunga, tan amawa tunggul, nguniweh tatabuhan.
Teka ring Sidsdhabhawana, anjujug ring Singhasari pisan. Patih ring [33b] Deha nira Kebo Mundharang, Sira Pudhot, Sira Bowong pinaka dining sanjata Deha saka kidul.
Sedang ira Bhatara Siwa Buddha anadhah sajeng lawan apatih. Dok sira kaparajaya, sama sira angemasi. Sira Kebo Nengah apurih mati ring manguntur Raden Wijaya sira tinuturaken mangalor. Ingaturan yan Bhatara Siwa Boddha mokta den ing sanjata Deha nedhun I saka kidul. Pun patih tuwa sampun angmasi, sama umiring I talampakan ira Bhatara, samangka Raden Wijaya umungsi ring sawah miring, paksan ipun Kebo Mundarang aneduka ring buntal.
Raden Wijaya amancal ….tidak terbaca….Kebo Mundarang, teke mukan ipun kebekan ndut, mundur tur angucap: ‘Uduh tuhu yan dewa sipakan ira raden.’
Bersambung ke bagian kesepuluh
0 Response to "Terbongkar KITAB PARARATON (9)"
Posting Komentar